Sabtu, 06 Desember 2008

Kangen Iwak Lele

Jaman Dek semono ,jamane aku isih melu Bapak karo simbok, wiwit sakdurunge sekolah nganti SMP ono wae bab-bab sing gawe pepeling kang nyenengake , koyoto nyuluh iwak bareng karo Bapak Simbok ugo karo konco sak kampung kadhangkolo malah oleh kodhok, oleh welut. Yen bubar sekolah wanci awan podho kumpul ing dhanyangan asyik podho jeguran ing kali sing banyune bening lan jero ugo ono wit2ane sing biso kanggo mlumpat njegur ing kali...mak byurrr....yen jegurane wis mari(rampung) ...iwak-iwak lele podo nyabak(katon metu ing salumahe banyu) ...nganti koyo cendhol saking akehe.
Saben sasi sepisan Bendungane di bedah kabeh wargo podo pindah nang kali gogoh iwak...ono sing nganggo pecak..ono sing nganggo jolo ono sing mung silem (slulup). Mbah Merto suwargi kang ugo mbahku dhewe dadi juru kuncen bendungan kuwi. Nek arep mbedah bendungan wis siap2 kicir kanggo njebak iwak2 sing podo keli. wong sak deso ngruyuk nang Bendungan Dam ndeso sing dijenengake Bendungan Ndanyangan Purno...iwake akeh lan gedhe2...sing paling nyenengake yen rebutan iwak sing ono njero banyu..ono lele ..ono wader..ono urang...ono kutuk (gabus)..ono tawes lan liyo liyane.
Wanci sak iki kahanan kuwi wus ora iso nemoni anak putu mung kebagian ceritane amargo tingkah polahe wong2 kang kurang tanggung jawab marang kelestarian lingkungan, arep mangan iwak wae ndadak ngendrin/ngracuni kali lepen ben iwake podo semaput, wong2 mau nek ditilik pendidikanne yo ora kurang2 nanging yo tingkah polahe koyo kurang wicaksono.Sing tak emanake ora ono wong kang perhatian tumrap bab iki, kalebu poro pangrehing praja ing tlatah Purno lan sak kiwo tengene ilining banyu menyang waduk, Wiwit pak kadus, pak lurah, ugo pak camat dhewe (nyuwun Pangapunten Pak Camat puniko nyariosaken jaman biyen sanes sak niki).
Dados sakmangke puniko kulo rumaos kelangan kaliyan anak putunipun Lele ..wader...urang lan liya-liyane amargo manawi tuwi dhateng lepen namung isipun banyu mili karo kadhang kolo namung ketemu cethul siji loro nak dipangan pahite pol...mugi meniko dados kawuningan sedoyo wargo saking Mbero, Pulutan, Purno, Mojo, Mabang, Tiken lan sak piturute kangge sami njagi lestarinipun alam lingkungan.
Hindari penyalah gunaan pestisida berbahaya, enget pestisida kang terpapar nang makanan (termasuk iwak kang keno racun)nek dipangan racune mandeg dadi residu ono ngawake sing mangan ora iso di buang, dalam jangka panjang meniko ingkang ndamel bibit penyakit kang kasebat kanker, amargi residu meniko termasuk radikal bebas engkang sampun menclok ketemu pasangan ion sing wonten sajeroning awak.lan ngremboko dados kanker meniko kolo wau. monggo kito sedoyo bali teng alam ingkang sehat , tanem nggange cletong sapi melih.

Salam kangen
Mastaryo thariq